Diberdayakan oleh Blogger.

followers

Calender

Cuteki greetings

time

Cuteki widgets
RSS

Pidhato Pengetan Dinten Kartini

Pidhato Pengetan Dinten Kartini

Assalamu’alaikum W.W
A’udzubillahhiminasitonirrojim,bismillahhirrohmannirojim,alkhamdulilahhirobbil ’alamin,wassalatuwassalamu’ala asrofil ambiya iwalmursalin,sayyidina wamaulana  muhammadin wa’ala alihi waaskhabihi ajmain amaba’du

Dumateng panjenenganipun bapak/ibu guru SMA N 1 Kebumen ingkang tuhu kinurmatan
Ingkang kula khurmati Ketua Komite SMA N 1 Kebumen
Ugi mboten kesupe siswa-siswi kelas X,XI lan XII ingkang kula tresnani

    Sumangga kula dherekaken ngaturaken puji dalah syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmat,taufik saha hidayahipun dumateng kita sedaya saenggo kita saged makempal wonten adicara pengetan dinten wiyosanipun R.A. Kartini wonten wekdal punika mboten wonten alangan satunggal punapa. Shalawat saha salam kita aturaken dumateng Nabi kita Nabi Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafangatipun mbenjing wonten Yaumul Qiyamah. Amin Allohuma Amin.
    Sagung para rawuh ingkang kula khurmati
    Kula ngaturaken matur agunging panuwun dumateng pranata adicara ingkang sampun paring wekdal dumateng kula kangge ngaturaken tanggap wacana punika. Saderengipun kula nerasaken atur mbok bilih anggenipun kula matur kathah kekiranganipun kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
    Sagung para rawuh ingkang kula khurmati
    Pengetan dinten wiyosanipun R.A Kartini punika dipunpengeti saben tanggal 21 April. Sedaya warga Indhonesia punika ngawontenaken penegetan kasebut kangge ngungak jasanipun R.A. Kartini ingkang sampun mbela negari Indhonesia nalika dipunjajah dening bangsa Walanda. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha panjenengan sedaya. R.A. Kartini punka pangarsa tumrap priyayi estri ingkang karyanipun mligi kangge majengipun priyayi estri nalika bangsa Indhonesia taksih dipunjajah dening bangsa Walanda. Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap priyayi estri. Langkung-langkung wonten wekdal punika ingkang tasih kedah meres penggalih kangge majenganipun bangsa Indhonesia. Sampun dipunkodrataken para wanita punika limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus saking priyayi kakung. Sanadyan makaten  geget ing manah tansah makantar pinda waja ngudi kautaman. Sedaya punka inggih wiwit saking pangaribawanipun lelabetanipun R.A. kartini ingkang sampun tumanen ngrembaka wonten ing mahanipun para wanita bangsa kita.
    Sagung para rawuh ingkang kula tresnani
    R.A. Kartini punika kagungan panjangkah supados derajatipun priyayi estri sami kalihan kadi dene priyayi kakung. Amarga saking punika nalika bangsa Indhonesia dipunjajah dening bangsa Walanda, R.A. Kartini ngawontenaken kegiatan-kegiatan ingkang warna-warni kangge kemajenganipun para wanita wonten ing Indhonesia. Kegiatan-kegiatan punika upaminipun ngawontenaken pasinaun maoos kalihan nyerat, ketrampilan songket sulam,ketrampilan masak lan sapanunggalipun. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah. Panjangkahan punika gadhah ancasipun inggih punika supados derajatipun priyayi estri mboten katilaran kalihan priyayi kakung. Sanadyan katha tantanganipun dik rikala, R.A. Kartini tetep nglajengaken panjangkahipun. Punika labuh labetipun R.A. Kartini ingkang saestu luhur sanget tumrap kaum wanita wonten ing Indhonesia.
    Sagung para rawuh ingkang tuhu kinurmatan
    Kanthi punika kula minangka Kepala Sekolah gadhah panjangkah dhateng para rawuh sedaya supados ndherek lelabetanipun R.A. Kartini. Kita sedaya saged ngurmati R.A. Kartini kanthi tindak-tanduk ingkang sae,sekolah ingkang leres lan mumpangat,ngurmati para kaum wanita lan sapanunggalipun. Sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun R.A. Kartini ingkang luhur punika. Ingkang mboten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jati dhirinipun putri Indhonesia. Putri Indhonesia ingkang prasaja,mrantasi sadengah karya.
    Sagung para rawuh ingkang kula khurmati
    Kula aturaken matur agunging panuwun dumateng para rawuh sedaya ingkang sampun ndherek pengetan ing wekdal punika. Cekap semanten atur saking kula mbok bilih wonten kekiranganipun saking purwa,madya lan wusana ning atur kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar